Pages

Selasa, 14 Februari 2012

Bali Tumusuk Ing Ati


 Pulo Bali, Pulo Nirwana...       
Kang dituju para wisata
Domestik utawa manca
Padha teka mara

Endahmu kang ora biasa
Warnaning budaya
Mincutake tresna

Sakliyane kaendahan alame
Para warga uga sumringah ulate
Anon bomantara ing wayah sore
Nunggu endahe cindramata srengenge

Ernawamu...
Sung sumilir samirana
Nampakake biru kecune tirta
Uga sumuruping baskara

Bali...
Pulo cilik kang megah
Kang nampakake surganing ndonyo

Puji syukur kagem Allah
Nyiptaaken larasmu
Kang sampurna

0 komentar:

Posting Komentar

 

Story of Tanora Copyright © 2009 Girlymagz is Designed by Bie Girl Vector by Ipietoon